yoo kabehan piye kabare? iki nyong fani, aku tembe nggawe blok kyeh. aku pan cerita ceritane aku wulan juli . wulan juli wing aku melu lomba ranking 1 ing PAI. aku ora lunga dhewekan . chintya, rifda, caca, javin, lan zaki kancaku melu juga, guru pembimbingku bu yani melu juga. ing kana aku kaget banget amarga wis suwe ora dolan maring kana saiki PAI wis tambah apik lan bersih ora kaya wingine.
sak ngantine nang kana aku lan kanca kancaku banjur ngisi daftar hadir. sawise kuwi aku lan kancaku kabeha pada njagong ing panggonan sing wis disediake.
wis wayahe acarane dimule. pembukaan saka ketua lingkngan hidup kota tegal lan wakil walikota tegal dadi pembuka acara. sawise kuwi wakil walikota banjur menthung gong tandha acara Hari Lingkungan Hidup dimulai. bubare acara pembukaan para petugas banjur natani tempat kanggo lomba. aku lan kanca kancaku sing wis sinau bareng awit miki banjur siap siap. iki waktune beraksi hehehe.
aku langsung nempati panggonanku sesuai karo nomor urut sing olih waktu pendaftaran mau. aku lan kanca kancaku padha kasebar amarga nomore diwenehi acak. petugase banjur mbacani peraturan sing suwene mbangkana kana. aku ya ngantuk ngrungokna ne. sawise iku petugas langsung mbaca soal. ing babak pertama aku isih bisa njawab soale. nanging kanca ku ana sing wis gugur disitan.
sak ngantine ing soal sing paling angel, aku bingung banget karo soale. aku ya ragu pan jawab soale, aku banjur njawab soale sak ngertine aku. lan hasilku.......
kepriye hayoooo......
apa aku jawab sing bener?
yak jawabanku salah lan aku kesisih ing babak penyisihan, aku rasane isin banget menawa sawise kuwi aku mikir jawabanku lan nemu sing bener. aku sebenere bisa tapi aku ora mikir dhisit lan langsung jawab sak karepku. tapi orapapa.......lah daripada kancaku sing kalah ing soal eksploitasi hutan..hehehe...yo kuwi lah ahire sing lolos nganti babak ahir mung caca tok. aku ya keder bisane bocah kuwi bisa pinter banget. aku yo pinter sih tapi mung lagi ora hoki bae. sumpah aku iki pinter kana takokna kancaku mesti padha ngerti.....ngerti yen aku bocahe cengengesan.
sing menang lomba banjur olih sepeda. ndolalahe caca olih sepeda sing palin gedhe. aku ya melu seneng kancaku bisa menang, lan kancaku kuwi ndadekna aku termotifasi kanggo sinau meneh supaya aku bisa melu lomba maneh lan olih juara.
wis yo cah semene dhisik ceritaku, semoga cerita iki ora nguras wektu berhagamu hehehe...